Wonosobo Hebat
Selamat Datang di Superhub Pemkab Wonosobo

Kabar Saiki

Gara-gara PPKM, Keraton Kasunanan Surakarta lan Pura Mangkunegaran Ora Nganakake Kirab 1 Suro

Keraton Kasunan Surakarta lan Pura Mangkunegaran, ora nganakake kirab pusaka 1 Suro amerga Solo isih nerapake PPKM level 4.

TRIBUNJATENG.COM, SOLO - Keraton Kasunan Surakarta lan Pura Mangkunegaran, Solo, Jawa Tengah ora nganakake kirab pusaka 1 Suro.

Kirab sing biasane misuwur arak-arakan kebo putih Kyai Slamet, ora dianakake merga Solo isih nerapake Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) level 4.

Kapethik saka Tribunsolo.com, Wakil Pengageng Sasana Wilapa Keraton Kasunanan Surakarta, Kanjeng Adi Ariya (KRA) Dani Nur Adiningrat ngendika, yen Keraton Solo ora nganakake kirab merga angka Covid-19 sing isih dhuwur.

Nadyan kaya mangkana, pihak keraton tetep nglakoni upacara tradisi 1 Suro mung winates kanggo abdi dalem lan kulawarga keraton.

Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok

Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia

Baca juga: Viral Video Langit Sigar ning Pacitan Jawa Timur, Iki Katrangan BMKG

Baca juga: Menika Hadiah sing Bakal Ditampa Greysia/Apriyani Sakwise Entuk Emas Olimpiade Tokyo 2020

"Kami menimbang angka Covid-19 yang masih tinggi, kami hanya membatasi untuk abdi dalem dan keluarga Kraton saja," ucape KRA Dani Nur Adiningrat.

Pengumuman resmi tak ada Kirab Pusaka Malam 1 Suro dan konsisi Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat di Kelurahan Baluwarti, Kecamatan Pasar Kliwon, Senin (9/8/2021).
Pengumuman resmi tak ada Kirab Pusaka Malam 1 Suro dan konsisi Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat di Kelurahan Baluwarti, Kecamatan Pasar Kliwon, Senin (9/8/2021). (TribunSolo.com/Adi Surya)

Padha kaya Kanjeng Adi Ariya (KRA) Dani Nur Adiningrat, Humas Pura Mangkunegaran, Joko Pramedyo matur sanadyan ora bisa nganakake kirab, upacara tradisi 1 Suro tetep dilakoni nanging kanti syarat PPKM lan khusus para kulawarga inti.

"Kami tetap menggelar untuk internal dan dikerjakan secara khusus oleh orang-orang tertentu," tuture.

Joko nambahi Pura Mangkunegaran sing isih dibenakake kaya bangunan Prangwedangan, Ndalem Ageng, Pringgitan, lan Rekso Pustoko dadi salah siji perkara ora dianakake kirab 1 Suro sakliyane PPKM.

(*) 

Sumber: Tribun Solo
Rekomendasi untuk Anda
Ikuti kami di

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved