Kabar Saiki
Viral Bocah Lanang Sidoarjo Diculik Arep Didadekake Pengemis, Iki Jawabe Polisi
Viral foto bocah lanang dikabarke diculik lan arep didadekake pengemis ing Sidoarjo lan dumadakan gawe rame nganti kasebar ing maneka werna medsos.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, SIDOARJO - Viral foto bocah lanang dikabarke diculik lan arep didadekake pengemis ing Sidoarjo, Kamis (19/8/2021).
Kabar kui dumadakan gawe rame nganti kasebar ing maneka werna media sosial.
Saka katrangan foto lan tulisan yaiku;
"Mohon izin share... Barangkali ada yang kenal dengan anak kecil ini, anak ini diculik disuruh jadi pengemis sekarang ada di Polsek Sidoarjo... Mohon disebarluaskan ke grup-grup supaya dapat bertemu dengan keluarganya... Trims..."
Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia
Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok
Baca juga: Puluhan Warga Karanganom Klaten padha Dadi Miliarder Sakwise Narima Ganti Rugi Tol Solo-Jogja
Baca juga: Ospek Online Mahasiswa Anyar ITS Surabaya Tiru Foto Jaman Bocah, Warganet Komentar Maneka Warna
Kapethik saka Kompas.com Kapolsek Buduran Sidoarjo, Kompol Samirin nerangake, yen kabar bocah cilik diculik lan arep didadekake pengemis ing Sidoarjo kui hoaks utawa ora bener.
Foto sing kasebar kui pranyata bocah sing kesasar lan wis ditulung Polisi.
"Foto tersebut adalah anak yang tersesat dan sempat diselamatkan oleh polisi.
Lalu anak tersebut diantar ke kantor Polsek Buduran," ujare Rabu (25/8/2021) sore.
Kompol Samirin crita, awale bocah lanang cilik sing inisiale HNR Kamis (19/8) awan, lagi mlaku ana ing Dalan Buduran.
Warga sing weruh HNR lagi mlaku, banjur diterke menyang Polsek Buduran sing panggonane ora adoh saka kana.
Sakwise dijaluki informasi ngenani keluarga lan papan tinggale, dina kui uga HNR langsung diterke bali menyang omah .
Lokasine ana ing Desa Banjarkemantren, Kecamata Buduran, Kabupaten Sidoarjo.
Nalika diterke, pihak Polisi ngrekam video lan njelasake yen bocah kui wis bali menyang omahe.
Saka video sing direkam Polisi, simbahe HNR yaiku Yoman Dani menehi katrangan, yen putune kui dudu korban penculikan.
"Sejak kecil anak tersebut diasuh oleh neneknya, ibunya sudah meninggal," pungkase.
(*)