Kabar Saiki
Siap-siap, Praupane Pelanggar Lalu Lintas Kota Malang Bakal Ditayangake ing Videotron lan Instagram
Kanggo pelanggar lalu lintas ing Kota Malang, siap-siap praupane bakal ditayangke ing videotron pinggir dalan.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, MALANG - Kanggo pelanggar lalu lintas (lalin) ing Kota Malang, siap-siap praupane bakal ditayangake ing videotron pinggir dalan.
Tujuan ditayangke ing videotron kui, supaya ndadekake para pelanggar lalu lintas padha kapok.
Kapethik saka Tribunjatim.com Kasat Lantas Polresta Malang Kota, AKP Yoppi Anggi Khrisna menehi katrangan video pelanggar lalu lintas kui wiwit ditayangke ana ing videotron pinggir dalan Kota Malang, Jumat (27/8/2021) wingi.
Videotron sing biasane isine iklan utawa sponsor, sabendinane bakal nayangake para pelanggar lalu lintas.
Ora mung ditayangake ing videotron, para pelanggar lalu lintas uga bakal diposting ana ing instagram Satlantas Polresta Malang Kota.
"Jadi, inovasi itu sudah kami lakukan sejak Jumat (27/8).
Selain ditayangkan di videotron, video pelanggar lalin (lalu lintas) itu juga kami tayangkan di Instagram Satlantas Polresta Malang Kota," ujare, Senin (31/8/2021).
AKP Yoppi ngendika, pelanggar lalu lintas sing bakal ditayangke kui kaya ta pelanggar knalpot brong, marka dalan, lan lampu bangjo utawa lampu lalu lintas.
Kaya mangkana iku, supaya para pelanggar lalu lintas padha kapok, merga bakalan viral lan sanksi moral, sosial sing dirasakake.
"Jadi yang biasanya kami laksanakan penilangan atau penegakan hukum (gakkum), efek jeranya kan sedikit.
Kalau diviralkan dan ditayangkan di videotron, akan menumbuhkan rasa malu bagi pelanggar," ujare maneh.
Videotron sing nayangke para pelanggar lalu lintas kui kasebar ing limang titik Kota Malang.
Yaiku Pos 90, Ramayana, Pos Ciliwung, Stasiun Kota Baru lan Dalan Gedhe Ijen.
"Kami tayangkan video para pelanggar lalin di lima videotron, seperti di videotron Ramayana dan Pos Lantas Sarinah. Dan video tersebut, kami tayangkan selama tiga hari di videotron," ujare.
AKP Yoppi uga negesi kebijakan nayangake pelanggar lalu lintas ing videotron kui bakal terus dilakoni nganti masyarakat tertib lalu lintas.
(*)