Kabar Saiki

Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

TRIBUNJATENG.COM - Atlet Nglangi Walanda Ranomi Kromowidjojo dadi kembang lambe Masyarakat Indonesia

Ora merga medali sing dientukake ning Olimpiade 2020, ning jeneng mburine sing duweni embel-embel Kromowidjojo

Embel-embel jeneng Kramawidjojo entuk saka bapake lan simbahe Ranomi, sing duweni katurunan Jawa.

Ranomi lahir ning Groningen, Walanda, 20 Agustus 1990.

Baca juga: Achmad Zaky Masuk Jajaran Orang Terkaya, Harta Tembus Rp 4,79 T Setelah Saham Bukalapak Melejit

Baca juga: Lagi patroli, Satpol PP Kota Tegal Lihat Orang Buang Tas, Isinya Ribuan Pil Koplo

Baca juga: Profil Ranomi Kromowidjojo, Perenang Belanda Berdarah Jawa Raih 3 Emas dan 1 Perak Olimpiade

Baca juga: Gerard Pique Kenang Lionel Messi: Camp Nou dan Kota Barcelona Tak Sama Lagi

Dheweke nduweni trah campuran Walanda, Suriname, lan Jawa.

Simbahe Ranomi biyene saka tanah Jawa.

Amerga Walanda, simbahe Ranomi pindah ning Suriname dadi buruh kebun sekira abad-19.

Bapake Ranomi sing duweni jeneng Rudi Kromowidjojo lahir ning Suriname.

Sateruse dheweke pindah Walanda lan mantenan karo Netty Deemter.

Saka mantenan iki lahir Ranomi Kromowidjojo lan sedulur lananange sing duweni jeneng Chjanoy Kromowidjojo.

Sangare Ranomi lomba nglangi internasional saka gaya bebas pancen jos.

Ranomi Kromowidjojo uwis nglumpukake 37 medali emas, 20 perak, lan 12 perunggu.

Ning tingkat olimpiade sing saiki dilakoni, prestasi Ranomi uga cukup apik.

Medali emas isa dikasilke ana ing Olimpiade Beijing 2008 lan Olimpiade London 2012.

Medali emas kui saka nglangi gaya bebas 50 meter, 100 meter lan 400 meter.

Sing anyar, ning Olimpiade 2020 Tokyo iki, Ranomi Kromowidjojo isa mungkasi pinal 50 meter gaya bebas.

Senadyan ora isa ngentukake medali, atlet nglangi siji iki kanda yen dheweke seneng lan syukur bisa ngrampungi ana posisi nomor papat kanti kasil wektu 24,30 detik.

(*)

Berita Terkini