TRIBUNJATENG.COM - Komik Mbangjo edisi 16 dengan judul Ditelpon Prabowo
DITELPON PRABOWO
Bambang ketok galau karo terus nyawang HP. Bejo teko.
Bejo: Wis to Mbang. Ra usah mbok pikir meneh kae Dik Yuli. Paling wis nduwe pacar meneh.
Bambang: Mas koyone kowe nek sedino ora ngece aku iso meriang yo???
Bejo: Lha terus nopo kowe galau ngono kit mau?
Bambang: Iki lho mau ono telpon aku ra krungu. Tak telpon balik kok ra iso.
Bejo: paling wong nagih utang kuwiii... Soko sopo?
Bambang: Ora kesimpen jenenge. Tapi tak delok iki kok jenenge Prabowo. Fotone gendero Indonesia.
Bejo: Waa gawat ojo-ojo kowe arep dadi menteri!!!
Bambang: Lha kuwi... Aku kawatir...
Bejo: Ojo lali karo aku yo mas Mentri??
Bambang: Laaah ngece maneee
Telpon Bambang muni maneh. Soko Prabowo
Suara telpon: aloooo Mbiaaaang... Angel men ditelpon... Utangmu kaee ndang dibayaaaar.....