Wonosobo Hebat
Selamat Datang di Superhub Pemkab Wonosobo

Kabar Saiki

Viral Mbah-mbah Midio Siaran TV Nganggo HP Jadul, Netizen Welas lan Narik Donasi

Cerita mbah-mbah seneng midio siaran TV nganggo handphone (HP) jaman dulu (jadul) viral ning media sosial Tiktok.

TRIBUNJATENG.COM - Cerita mbah-mbah seneng midio siaran TV nganggo handphone (HP) jaman dulu (jadul) viral ning media sosial.

Para netizen sing weruh welas, nganti padha ngumpulake donasi.

Virale mbah-mbah sing nduweni jenenge Jasman (80) merga diunggah akun Tiktok @ig.sisktriha_ sing isih sadulure.

Saka videone, katon Mbah Jasman lungguh ana ngarep TV sinambi midio nganggo HP jadul.

Baca juga: Warganet Tiktok Geger, Merga Woh Terutung sing Bentuke Kaya Duren

Baca juga: Gara-gara PPKM, Keraton Kasunanan Surakarta lan Pura Mangkunegaran Ora Nganakake Kirab 1 Suro

Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia

Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok

Tumindake Mbah Jasman dilakoni supaya isa ngeti siaran TV ning HP.

Amerga dheweke ora nduweni TV ning omah.

Siska Tri Handayani (19) minangka perekam nyeritakake yen video iku digawe 25 Juni, nanging lagi diunggah Jumat 6 Agustus 2021.

Siska nalikane ngunggah ora sadar, jebul videone dideleng netizen lan dikomentari maneka werna nganti padha usul mbukak donasi.

Sakwise donasi dibuka, dhuwit sing kakumpul nganti Rp 1.615.000.

Siska banjur nukokake TV rega Rp 550.000 lan sisane diwenehake Mbah Jasman gawe nyambung urip.

Saiki Mbah Jasman isa ndeleng TV ning omahe lan ora midio maneh siaran tv nganggo HP jadule.

(*)

Sumber: Tribunnews.com
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved