Kabar Saiki
Cah Wedok sing Viral Joget Tiktok ning Bangjo Klaten Diamanke Polisi
Viral cah wedok loro sing joget Tiktok ning bangjo Klaten lan mbahayani pengguna dalan diamanke Polisi.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, KLATEN - Cah wedok loro sing ngonten Tiktok ning bangjo Klaten lan mbahayani pengguna dalan diamanke Polisi.
Bocah wedok kui dicekel perkara aksine sing viral.
Nadyan jenenge ora disebutke, cah wedok loro sing ngonten joget Tiktok ning bangjo ngarep Polsek Jogonalan jebule isih kagolong bocah.
Kapetik saka Tribunsolo.com, Kasat Lantas Polres Klaten AKP Abi Praya Guntur Sulastianto ngendika, yen bocah wedok loro kui wis diamanke lan diperiksa.
Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok
Baca juga: Warganet Tiktok Geger, Merga Woh Terutung sing Bentuke Kaya Duren
Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia
Baca juga: Viral Mbah-mbah Midio Siaran TV Nganggo HP Jadul, Netizen Welas lan Narik Donasi
"Diamankan dan diperiksa," ujare, Rabu (11/8/2021).
Nanging saiki wis dimulihake menyang wong tuane sakwise gawe surat pernyataan, merga cah wedok loro kui isih kagolong bocah sak ngisor umur.
Sak durunge, nyebar video 18 detik cah wedok loro lagi ngonten Tiktok ning bangjo Gondangan, Jogonalan, Klaten.
Video kui salah sijine diunggah akun Twitter the shine of Java @kabarklaten, Senin (9/8/2021).
Saka rekaman videone ana cah wedok lagi jogat-joget nalikane lampu lalu lintas lagi abang.
Nanging pas lampu lalu lintas ganti ijo, wong wedok kui ngrampungi jogetane banjur minggir ning dalan.
Nalikane arep minggir, wong wedok sing joget Tiktok meh ketabrak kendaraan sing wis tancep gas.
Kadadean kui banjur gawe viral lan dikomentari maneka warna dening warganet.
(*)