Kabar Saiki
Viral Dalan Rusak ning Klaten Dipasangi Watu Nisan, Ditulisi: Harta Tahta Jalan Rata
Viral ning media sosial dalan rusak ana ing Klaten dipasangi watu nisan lan ditulisi harta, tahta, jalan rata.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, KLATEN - Viral ning media sosial dalan rusak ana ing Klaten dipasangi watu nisan lan ditulisi harta tahta jalan rata.
Tumindak kui dilakoni, merga warga kana sing padha kesel dalane rusak ora tau didandani.
Kadadean kui ana ing Desa Pundungsari, Kecamatan Trucuk, Kabupaten Klaten.
Saka rekaman video lan poto sing diunggah akun instagram @kabar_klaten (10/8/), ngetokake tanduran wit gedhang lan watu nisan utawa kijing ana ing tengah dalan sing nyambungke Dusun Semawung karo Dusun Bandungan, Desa Pundungsari.
Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok
Baca juga: Cah Wedok sing Viral Joget Tiktok ning Bangjo Klaten Diamanke Polisi
Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia
Baca juga: Warganet Tiktok Geger, Merga Woh Terutung sing Bentuke Kaya Duren
Kapethik saka Tribunsolo.com, salah siji warga sing inisiale DKR menehi katrangan yen tanduran wit gedhang lan kijing sing ana tengah dalan, wujud protese warga merga dalane rusak parah.
DKR nyeritakake yen wit gedhang ana ing tengah dalan kawit dina Minggu 8 Agustus 2021.
Nanging, Minggu sorene wit gedhang mau wis ora ana.
"Tidak jelas siapa yang meletakkan pohon pisang itu, yang jelas mungkin sudah jengkel dan salah satu bentuk protes," ujare, Rabu (11/8/2021).
Banjur wektu 1 Suro wengi, ing tengah dalan sing rusak ganti ana kijing sing ditulisi harta tahta jalan rata.
Kadadean kui langsung gawe geger, nganti viral.
"Itu sempat jadi heboh, jadi bahan pembicaraan warga sini," ujare maneh.
Nanging saiki wit gedhang lan kijing wis padha dipindahake.
Dalan sing rusak uwis didandani, nadyan mung ditembel nganggo pasir.
(*)