Kabar Saiki
Ora Betah Krungu Swara Meteran, Wong Wedok Iki Ngisekake Token Listrik Tanggane
Video wong wedok ngisekake token listrik nggone tanggane gara-gara ora betah krungu swara meteran rame ing media sosial.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
"Aku isikan karena terganggu banget," ujare Jumat (20/8/2021).
Ayu nerusake, yen kadadean kui jebul ora sepisan, nanging wis kaping pindho dheweke ngisekake token listrik.
Saka katrangane Ayu, tangga kose kui saben ngisi listrik biasane mung 20 ewu, banjur ditinggal lunga lan ora tau balik ing kosan.
"Dia (tetangga) setiap isi token Rp 20 ribu terus, dan orangnya jarang pulang. Sudah pencet tombol merah di meteran, tapi bunyi lagi. Karena enggak tahan, akhirnya saya isikan saja Rp 100 ribu," ujare.
Nganti saiki, tangga kose mau ora ngerti yen Ayu sing ngisi token listik, sandyan wis padha-padha pindhah kos.
"Tetangga enggak tahu kalau yang mengisi (token listrik) itu saya," pungkas critane.
(*)
Berita Terkait