Kamis, 16 April 2026
Wonosobo Hebat
Selamat Datang di Superhub Pemkab Wonosobo

Kabar Saiki

Viral Kethek Buntut Dawa Mudhun saka Gunung Merapi, Iki Jawabe TNGM

Grombolan kethek buntut dawa utawa kethek makaka katon mudhun saka Gunung Merapi tumuju ing Desa Ngori Kecamatan Srumbung Kabupaten Magelang.

TRIBUNJATENG.COM, MAGELANG - Grombolan kethek buntut dawa utawa kethek makaka katon mudhun saka Gunung Merapi tumuju ing Desa Ngori Kecamatan Srumbung Kabupaten Magelang, Selasa (24/8/2021).

Kadadean kui dumadakan gawe masyarakat padha ngaitke aktivitas Gunung Merapi.

Kapethik saka Tribunjogja.com Kasubbag Tata Usaha (TU) Taman Nasional Gunung Merapi (TNGM) Akhmadi mbenerke yen kethek buntut dawa mudhun saka Merapi.

Nanging dheweke durung isa mesthekake apa sebab utamane kethek-kethek iku padha mudhun gunung, lan kaitane karo aktivitas merapi sing sabenere.

Baca juga: Puluhan Warga Karanganom Klaten padha Dadi Miliarder Sakwise Narima Ganti Rugi Tol Solo-Jogja

Baca juga: Ospek Online Mahasiswa Anyar ITS Surabaya Tiru Foto Jaman Bocah, Warganet Komentar Maneka Warna

Baca juga: Gara-gara Komentar Sinis ing Media Sosial, Cah Nom ing Indramayu Jawa Barat Diciduk Polisi

Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia

"Kami juga perlu menganalisis terkait kegempaan Gunung Merapi ini.

Dan yang kami jadikan patokan ya dari Balai Penyelidikan dan Pengembangan Teknologi Kebencanaan Geologi (BPPTKG)," ujare.

Sateruse Akhmadi ngendika, aktivitas Gunung Merapi ing sadina-dina iki sing lagi dhuwur ora isa didadekake pathokan kethek padha mudhun saka gunung.

Yen aktivitas Gunung Merapi dhuwur lan gawe kewan-kewan kaganggu, mestine dudu mung kethek wae sing padha migrasi, nanging kewan liya mesti padha melu mudhun gunung kayata ta lutung lan kijang sing luwih sensitif nalika ana lindhu ing Gunung Merapi.

"Identiknya begitu, mereka turun kemungkinan besar untuk mencari makan.

Karena kalau terkait kegempaan, seharusnya ada satwa yang lebih sensitif lagi yakni lutung dan kijang," critane.

Akhmadi nerusake praduga sauntara TNGM ngenani ketek mudun, siji perkara stok pangan kethek lagi tipis merga wayah ketiga utawa kemarau.

Kelorone merga aktivitas menungsa ing duwur gunung rada sitik, dadi para kethek ngerasa aman yen aktivitas ing liya wilayah.

"Kalau bukan karena aktivitas kegempaan merapi, bisa jadi mereka turun karena ini kan kemarau, ketersediaan pangan untuk Makaka di puncak berkurang.

Hal kedua, bisa jadi karena aktivitas manusia di puncak berkurang jadi kera-kera itu merasa aman-aman saja kalau turun," katrangane Akhmadi.

Loro paraduga kui isa uga bener, sebab pirang dina kepungkur Akhmadi oleh kabar ana khetek sing jinise padha mudhun gunung ing kawasan wisata Kaliurang.

Sumber: Tribun Jogja
Halaman 1/2
Ikuti kami di

Komentar

Berita Terkini

© 2026 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved