Kabar Saiki
Mantan Bupati Boyolali Seno Samodro Gawe Video Klip, Cover Lagune Ade Manuhutu Sst Si Betis Indah
Suwe ora tau krungu aktivitase, Seno Samodro saiki ngrambah ing seni musik lan wis ngetokake video klip sing digawe bareng band Moccacino
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, BOYOLALI - Suwe ora tau krungu aktivitase, Seno Samodro saiki ngrambah ing seni musik.
Mantan Bupati Boyolali rong periode iki malah wis ngetokake video klip sing digawe bareng band Moccacino.
Video klip sing ditokake Seno Samodro kui saka cover lagune Ade Manuhutu tahun 1977 sing judule Sst Si Betis Indah.
Lagu iki diaransemen maneh bareng grup band saka Boyolali, Moccacino, lan wis diunggah ing akun youtube Seno Samodro, Senin (30/8/2021).
Baca juga: Wong Mancing ing Blitar Jawa Timur Nilar Donya, Tiba saka Tebing Semar Pantai Banteng Mati
Baca juga: Korban Kapusan Arisan Online Blora padha Lapor Polisi, Rugi Nganti Rp 45 Miliar
Baca juga: Puluhan Warga Karanganom Klaten padha Dadi Miliarder Sakwise Narima Ganti Rugi Tol Solo-Jogja
Baca juga: Viral Bocah Lanang Sidoarjo Diculik Arep Didadekake Pengemis, Iki Jawabe Polisi
Nganti saiki video klip gawenane mantan Bupati Boyolali iki wis ditonton nganti telung ewunan luwih.
Saka katrangane Seno Samodro, inspirasi ngover lagu Sst Si Betis Indah merga kenangan jaman enom tahun 70-an.
Seno crita, yen jaman semana tepate wektu isih kuliah dheweke asring teka ing perpustakaan lan weruh mahasiswi sing rupane ayu lan nduweni betis sae.
Nanging wektu kui dheweke ora bisa kenalan lan ora ngerti jenenge.
“Tapi gak sempat kenalan, ya tidak tahu namanya. Ya, saya jadi termotivasi lagu itu,” ujare sing kapethik saka Tribunsolo.com, (30/8).
Ngenani proses produksi video, Seno Samodro crita yen nggawene kui mbutuhake rong sasi, wiwit saka rekaman nganti njupuk gambar.
Nadyan lagi rekaman sapisan, nanging dheweke seneng lan cukup ngerti kasile.
Merga salah siji sebab dheweke nyanyi lan gawe video klip iki, kui gawe ngisi wektu ing wayah pandemi kanthi kegiatan sing marakake imun awak dadi munggah.
“Ini baru pertama rekaman. Tapi seneng lihat hasilnya, puas. Anak- anak milenial di grup Mocacino juga luar biasa,” kandhane.
(*)