Kabar Saiki
Kepala OJK Jember Njajal Pinjol, Nemokake Praktik Apus-apus, Bunga Dhuwur Nganti Tampane Dhuwit Beda
Kepala Otoritas Jasa Keuangan utawa OJK Jember, Hardi Rofiq nemokake praktik apus-apus sing dilakokake jasa pinjaman online utawa pinjol sing ilegal.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
“Biasanya aplikasi begini ada relasi dengan yang lain, biasanya milik satu orang,” ujare Hardi.
Yen dadine kaya ngono, nasabah bakal saya kajebak ing akeh aplikasi pinjol.
“Kalau sudah jadi banyak, lama-lama gelap mata. Gaji pun tujuh juta, kalau satu dua aplikasi bisa ditutup. Kalau sudah sampai 40 bingung dia,” kandane.
Ngerti sisteme kaya ngono Hardi banjur mbalekake silihan saka pinjol ilegal sing wis dicoba.
“Akhirnya saya tutup, kalau tidak mencoba saya tidak bisa cerita,” tuture.
Dheweke sengaja njajal pinjol ben ngerti praktik apus-apuse.
Hardi menehi saran kanggo masyarakat supaya luwih teliti kanggo milih pinjol.
Pesene Hardi masyarakat sing kena kasus pinjol ilegal cepet lapor marang OJK supaya isa ndang dirampungi.
(*)