Cerita Dongeng Bahasa Jawa Kaya Pesan Moral: Kethek, Pithik lan Yuyu
Inilah dongeng fabel yang cocok dibacakan untuk anak sebelum tidur berjudul Kethek, Pitik lan Yuyu Bahasa Jawa
Penulis: non | Editor: galih permadi
Cerita Dongeng Bahasa Jawa Kaya Pesan Moral: Kethek, Pithik lan Yuyu
TRIBUNJATENG.COM - Inilah dongeng fabel yang cocok dibacakan untuk anak sebelum tidur berjudul Kethek, Pitik lan Yuyu Bahasa Jawa
Kethek, Pitik, lan Yuyu
Ing jaman ndisik, ana satunggaling pitik kang kekancan karo kethek.
Ananging paseduluran kuwi ora awet suwe amarga kelakuan si kethek Sawijining dina kethek ngejak pitik mlaku mlaku sinambi golek pangan.
Nganti wayah srengenge angslep ana ing kulon loro kewan kul mau durung ugo nemu pangan kang bisa maregake wetenge
Dumadakan tanpa disangka lan dinyana kethek kang wis kadung ngeleh duwe pikiran elek marang kancane yaiku si pitik.
Tanpa rasa mesakake kethek nyekel si pithik lan mbubuti wulune kanthi niat arep mangan mbakar pithik kanggo mangan wengi iku
Ananging mergo pitik terus-terusan usaha kanggo lolosake awake, akhire dheweke bisa ucul saka si kethek.
Pitik banjur mlayu nganti tumeka sawijining pinggir segara kang dipanggoni sawijining yuyu sing ora liya ugo dadi kancane si pitik.
Ana ing panggonan kul pitik cerita marang yuyu:
Pitik: Hel Yuyu kancaku, tulungono aku, aku lagi diuber karo kethek sing arep mangan aku
Yuyu: Orasah kuwatir kancaku, aku bakal nyelametke awakmu saka kethek kang ora reti arti kekancan kui mau Aku bakal weneh pelajaran supaya kethek kui mau ora wani maneh ganggu awakmu.
Sawise kahanan leren, pitik lan yuyu ngatur siasat kanggo weneh pelajaran marang kethek mau.
Yuyu due ide nggawe perahu saka lemah lendut kanggo nyeberang ana ing pulau sacerake segara kui.
Sawisi perahu kang digawe kui dadi banjur pitik lan yuyu ngundang kethek kanggo nyebrang bareng ana ing pulau sacerake kanggo golek pangan.
Mergo kahanan ora ana pangan ing sakiwo tengene panggonan kui, banjur kethek langsung wae nyaguhi ajakane pitik kanggo menyang pulau seberang.
Sawise prahu mlaku ana ing tengah segara banjur pitik mau kluruk sinambi notol prahu kang pada di tumpake kui mau.
Alon-alon prahu kang digawe saka lemah lendut kui mau otomatis bocor lan banyu mlebu ing prahu.
Ora bisa ditahan maneh prahu kang pada ditumpaki kui mau ambles ing segara.
Pitik kang wis siap lan ngencanakake kedadean kui kanthi siap langsung mabur ing darat, yuyu kang ugo wis siap kedadean kui banjur nglangi ing dasar segara, sawentara kethek kang jahat lan ora reti arti kekancan kui mau amung bisa tulung-tulung lan angslep amarga ora bisa nglangi.
Singkat cerita kethek kui mau mati glagepen ing tengah segara.
Saka fabel bahasa jawa ana ing nduwur kui mau bisa kita jupuk pelajaran yen wong kekancan kudu apik marang sapada-pada.
Amarga kita ora mangerti kapan kita ugo butuh kanca sapada-pada.
Polisi Pengendara Motor Tewas Ditabrak Lari Truk |
![]() |
---|
Pemkab Kudus Resmi Bentuk TP3D, Tugasnya Kawal Visi Misi Bupati dan Wakil Bupati |
![]() |
---|
UGM Turun Tangan Setelah Mahasiswa S2 Dwi Hartono Ternyata Otak Pembunuhan Kacab Bank BUMN |
![]() |
---|
Sepasang Kekasih Alami Kecelakaan Tunggal, Rem Motor Blong di Turunan, 1 Tewas |
![]() |
---|
Menahan Tangis, Nenek Endang Berharap Alero Caffe Klaten Miliknya Terlepas dari Kasus Hak Siar Liga |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.