Dongeng Anak
Dongeng Anak Sebelum Tidur Bahasa Jawa, Kisah Keong Emas Ajaib
Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadapan. Krana kuwi uripe warga katula-tula, akeh lelara lan dadi larang pangan.
Penulis: Alifia | Editor: galih permadi
Mbok Randha kami tenggengen amrgi ngerti panganan kang ana ing pawone.
Sopo sing ngeteri panganan kuwi, ing batine kebak pitakon.
Sebab mulih saka alas, pawone mbok Randha wis cumepak panganan, mengkono iku kedadeyan ing saben dina.
Sawijining dina kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi sapa tho wong kang mlebu ing pawone.
Keong Mas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong Mas mau malih wujud.
Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarangdarang ing alas lan jilmo Keong Mas?”
“Yung aku iki garwane Raja ing Jenggala, Raja Inukerta, aranku Candrakirana”
“Lho kok bisa dadi Keong Mas lan awakmu bisa tumeka ing alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu?”
Banjur, Dewi Candrakirana njlentrehake menawa ing sawijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa.
Ananging dheweke wegah, ora gelem nuruti karepe Jin.
Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang adoh saka kraton Jenggala menyang kali.
Tujuane supaya ora bisa ketemu karo garwane Candrakirana, Raja Inukerta.
Anehing kahanan ana ing nalikane kali kecemplungan Keong Mas banyune dadi garing, kaline asat.
Cerita Dongeng Anak Peter Pan, Wendy dan Captain Hook Bahasa Inggris, Cocok Dibacakan Sebelum Tidur |
![]() |
---|
"The Lonely Princess" Cerita Dongeng Anak Bahasa Inggris Tentang Putri Raja yang Kesepian |
![]() |
---|
Dongeng Anak Sebelum Tidur, Kisah Seorang Pencuri Obat dan Kebijakan Raja Bronsa |
![]() |
---|
Cerita Dongeng Peri Kecil Tinkerbell di Pixie Hollow Bahasa Inggris Pengantar Tidur Anak |
![]() |
---|
Dongeng Anak Sebelum Tidur, Kisah Nelayan Miskin dan Remahan Mantao |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.