Dongeng Anak
Dongeng Anak Sebelum Tidur, Kisah Keong Mas Cerita Rakyat Berbahasa Jawa
Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadapan. Krana kuwi uripe warga katula-tula, akeh lelara lan dadi larang pangan.
Penulis: Alifia | Editor: galih permadi
Dongeng Anak Sebelum Tidur, Kisah Keong Mas Cerita Rakyat Berbahasa Jawa
TRIBUNJATENG.COM - Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadapan.
Krana kuwi uripe warga katula-tula, akeh lelara lan dadi larang pangan.
Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing lola tanpa dulur, yaiku mbok Randha.
Kanggo nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane.
Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan.
Sanajan kahanan kaya mangono nanging dheweke ora nggresula.
“Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugimugi inggal kalis saking prahara punika.”
Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan ing alas.
Nalika lagi milang-miling weruh cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat.
“Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi?” ing atine tuwuh pitakon, banjur mbok Randha nyedaki sumber cahya mau.
Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watuwatu kali.
Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Mbok Randha menyang alas kaya biyasane, nanging nasibe lagi apes, urung entuk krowodan nganti meh surup, dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo.
Sawise leyeh-leyeh ing emperan dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan kang bisa ganjel weteng kang luwe.
Cerita Dongeng Anak Peter Pan, Wendy dan Captain Hook Bahasa Inggris, Cocok Dibacakan Sebelum Tidur |
![]() |
---|
"The Lonely Princess" Cerita Dongeng Anak Bahasa Inggris Tentang Putri Raja yang Kesepian |
![]() |
---|
Dongeng Anak Sebelum Tidur, Kisah Seorang Pencuri Obat dan Kebijakan Raja Bronsa |
![]() |
---|
Cerita Dongeng Peri Kecil Tinkerbell di Pixie Hollow Bahasa Inggris Pengantar Tidur Anak |
![]() |
---|
Dongeng Anak Sebelum Tidur, Kisah Nelayan Miskin dan Remahan Mantao |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.