Kabar Saiki

Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

TRIBUNJATENG.COM, SIDOARJO - Cerita wong tua duweni lara strok sing dijarke anake viral ning media sosial.

Kaloro anake nganti nandatangani layang nganggo materai, sing isine ora gelem ngrawat si bapak.

Kedadean iki ana ing Taman Sidoarjo, Sidoarjo, Jawa Timur.

Cerita wong tua lara strok, viral merga diunggah akun Facebook Arief Camra 3 Agustus 2021.

Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia

Baca juga: Seorang Pengusaha Diculik, Pelaku Minta Tebusan Rp 5 Miliar, Korban Kabur saat Pelaku Asyik Ngopi

Baca juga: Video Penurunan Muka Tanah di Pesisir Semarang Makin Masif

Baca juga: Poster Luhut Binsar Pandjaitan Maju Jadi Capres 2024 Beredar, Begini Komentar Jubir

Saka postingane, Arief Camra ngetokake gambar ana wong tua lagi ngglethak ing kasur kapuk.

Wong tua mau sing jenenge Mbah Marti'in mung nganggo popok lan isane ngglethak ning kasur.

Sabanjure, ana wong wedok rada sepuh nyedhak lan menehi mangan.

Saka katerangan sing ditulisake, Mbah Marti'in sing umure 65 tahun nduweni lara strok.

Kurang luwih 5 tahun iki Mbah Marti'in dirawat tanggane sing jenenge Fatimah.

Nanging pirang dina kepungkur Fatimah seda lan ora ana sing ngrumat.

Simbah Marti'in asline nduwe anak loro sing tinggale ora adoh saka papan kana.

Nanging anake loro Mbah Marti'in ora ana sing gelem ngrumat babar blas.

Malah kepara anak loro Mbah Marti'in nandatangani layang ning dhuwur materai sing isine ora gelem ngrumati Bapake.

Tandatangan iki disekseni perangkat desa, para tangga, babinkamtibnas lan liya-liyane.

Surat kui ditandatangani tanggal 2 Agustus 2021.

Ngeti perkara kui, pihak desa banjur jupuk tangan kanggo ngrumat Mbah Marti'in.

Saiki Mbah Marti'in wis ana sing ngrumat kanti pantes saka para relawan ning Griya Lansia Malang.

(*)

Berita Terkini