Kabar Saiki

Warganet Tiktok Geger, Merga Woh Terutung sing Bentuke Kaya Duren

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

TRIBUNJATENG.COM - Postingan ngenani woh kaya duren sing diarani terutung viral ning media sosial.

Video sing diunggah akun Tiktok @Nupkan_ 8 Agustus 2021 gawe geger warganet.

Saka videone, terutung sing bentuke kaya duren kui ana ning Bukit Bugau Ketungau Hulu, Sintang, Kalimantan Barat.

Woh terutung nduweni kulit kaya duren, bentuke bunder, lan wernane ijo.

Baca juga: Gara-gara PPKM, Keraton Kasunanan Surakarta lan Pura Mangkunegaran Ora Nganakake Kirab 1 Suro

Baca juga: Viral Video Langit Sigar ning Pacitan Jawa Timur, Iki Katrangan BMKG

Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia

Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok

Nalikane disigar, isine woh terutung kaya duren nanging rada cilik.

Postingan terutung sing diarani kaya duren, jebul gawe warganet padha geger lan menehi komentar maneka werna.

"Jangankan mkn bentuknya aja seumur hidup bru liat ni buah kayaknya hsil persilangan rabutan&durian x ya," ujar akun Sri sri dan sri.

"Kalau di Kalteng itu namanya buah 'tongkoi'" ujar akun dengan nama jeryyy.

"Kalau di tempatku namanya durian daun," tulis akun EX-VENOM.

Kapethik saka Kompas.com, Peneliti Ahli Madya saka Instansi Puslit Biologi Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia (LIPI) Deden Girmansyah, M.Si menehi katrangan, woh terutung kui jinise saka duren sing nduweni jeneng latin durio oxleyanus.

Nanging duren kui jinise woh-wohan liar saka alas lan durung ana sing padha mbudidayakake.

Deden negeske, yen terutung dudu kaya duren, nanging pancen jinise duren sing biyasane uripe akeh ditemokake ning alas Kalimantan lan Sumatra.

(*)

Berita Terkini