Kabar Saiki
Viral Iwak Lemuru Mencolot ning Pantai Boom Banyuwangi Jawa Timur, Warga Rame Njupuki
Viral iwak lemuru mencolot ing Dermaga Pantai Boom Banyuwangi Jawa Timur
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, BANYUWANGI - Viral iwak lemuru mencolot ing Dermaga Pantai Boom Banyuwangi Jawa Timur.
Kadadean kui dumadakan gawe wong sing ana ning kana padha rame njupuki.
Kapetik saka Kompas.com, Kepala Bidang Perikanan Tangkap, Dinas Perikanan Banyuwangi, Suryono Bintang Samudera menei rong pamanggih.
Sepisan, yen iwak sing mencelat ning darat perkara diburu iwak predator kaya ta jinise lumba-lumba.
Baca juga: Viral Dalan Rusak ning Klaten Dipasangi Watu Nisan, Ditulisi: Harta Tahta Jalan Rata
Baca juga: Cah Wedok sing Viral Joget Tiktok ning Bangjo Klaten Diamanke Polisi
Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia
Baca juga: Warganet Tiktok Geger, Merga Woh Terutung sing Bentuke Kaya Duren
Iwak lemuru isa tekan pinggiran dermaga, amarga ora ana papan gerak sakwise diburu predator.
"Ikan ini memang disukai predator, seperti lumba-lumba. Ikan sampai ke tepi karena tak ada ruang gerak setelah digiring predator," ujare, Selasa (10/8/2021).
Ing wulan Agustus iki, iwak lemuru cilik pancen cacahe lagi akeh.
Kadadeyan kaya ngene asring ditemoni ing maneka papan sajrone Indonesia.
Pamanggih nomor loro, Suryono njelasake faktor polusi lan suhu banyu laut ora dadi perkara iwak lemuru mencelat.
Yen faktor polusi wis mesthi iwak lemuru bakale mati lan ngambang ing laut.
Banjur yen perkara suhu banyu, mesthi kabeh iwak jinis liyane bakal mencelat ning darat kaya iwak lemuru.
"Kalau tercemar polusi dan sebagainya pasti mati, ia akan mengambang. Kalau pemanasan suhu air pasti terjadi merata, dan ikan jenis lain juga akan melakukan yang sama," pungkase.
(*)