Wonosobo Hebat
Selamat Datang di Superhub Pemkab Wonosobo

Kabar Saiki

Nelayan ing Pulau Bawean Gresik Jawa Timur Entuk Guci Lawas, Praduga Tinggalane Dinasti Ming

Nelayan ing Pulau Bawean Gresik Jawa Timur entuk barang lawas sing wujude guci nalika golek iwak.

TRIBUNJATENG.COM, GRESIK - Nelayan ing Pulau Bawean Gresik Jawa Timur entuk barang lawas nalika golek iwak.

Barang sing wujude guci praduga saka tinggalane Dinasti Ming.

Kadadeyan kui saka nelayan Lamongan sing luru iwak ing Pulau Bawean wulan Juni 2021.

Tepate ing Dusun Tanjung Anyar, Desa Lebak, Kecamatan Sangkapura, Bawean Kabupaten Gresik.

Baca juga: Viral Dalan Rusak ning Klaten Dipasangi Watu Nisan, Ditulisi: Harta Tahta Jalan Rata

Baca juga: Viral Iwak Lemuru Mencolot ning Pantai Boom Banyuwangi Jawa Timur, Warga Rame Njupuki

Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok

Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia

Wektu luru iwak ora sengaja jaringe nelayan saka Lamongan nyangkut guci.

Nalika dicek gucine ana loro, bahane saka lemah, lan ana gambare naga.

Ngenani kui, Ketua Bidang Pengembangan Sumberdaya Laut PPKB (Perkumpulan Peduli Konservasi Bawean), Abdul Saddam Mujib nyebut guci sing ditemokake ing lautan Bawean sisih kulon, kui papane Benda Muatan Kapal Tenggelam (BMKT).

Abdul Saddam Mujib nambahi, ditemokake guci lawas ngindikasikake pancen sugihe dasar laut.

Analisise dudu tanpa alesan, merga biyene laut Jawa dadi dalan transportasi dagang internasional paling rame lan ditekani kapal-kapal gedhe kaya ta China, Portugis, lan liya-liyane.

"Semoga dengan penemuan guci bermotif naga bisa menjadi daya tarik wisatawan.

Apalagi kalau nantinya dibuatkan museum barang antik yang ditemukan di Perairan Bawean.

Jadi bukan barang antik saja, tapi bisa dibuatkan semacam pameran foto dari keanekaragaman hayati laut di Bawean seperti terumbu karang, dugong," ujare Mujib.

Saliyane iku, miturut Adji Sudarmo Kakaikan, panyerat Majalah Scuba Diver Australasia - Ocean Planet Indonesia (SDDAI) ngendika, ditemokake guci gambar naga pradugane ana kaitane penyebaran Islam sing digawa Sunan Gresik.

Katrangane Adji, Sunan Gresik biyen asale saka Campa dataran China sawetara 1300 Masehi.

Banjur guci loro sing ditemokake kui, kalebu barang sing wis tau ditemokake kaya ta tembikar utawa gerabah jaman Dinasti Min utawa Dinasti Qin.

”Ada kaitannya dengan penyebaran agama islam, dulu ceritanya Sunan Gresik berasal dari Campa dataran China sekitar 1300 Masehi.

Dua guci itu merupakan penemuan selain penemuan lainnya seperti tembikar atau gerabah era Dinasti Ming, atau Dinasti Qin," celathune Adji.

(*)

Sumber: Surya Malang
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved