Kabar Saiki
Jeneng Agus lan Kelairan 17 Agustus Gratis Servis Motor ing Kediri Jawa Timur
Bengkel motor ing Dusun Jatimalang Desa Kedawung Kabupaten Kediri Jawa Timur nduwe cara unik kanggo mengeti Kamardikan Indonesia.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, KEDIRI - Bengkel motor ing Dusun Jatimalang Desa Kedawung Kabupaten Kediri Jawa Timur nduwe cara unik kanggo mengeti Kamardikan Indonesia.
Bengkel motor sing nduweni jeneng Sumber Arta Motor menehi pelayanan servis gratis, kanggo warga sing jenenge Agus lan bonus oli gratis kanggo wong kelairan 17 Agustus.
Bengkel iki duweke kakang adhi sing jenenge Ferdian Muzakki lan Roikhatul Jannah alias Ika.
Kapetik saka Kompas.com, Ika nyeritakake yen servis motor gratis lan oli gratis kui diwiwiti saka 17-20 Agustus 2021.
Baca juga: Mengeti Kamardikan RI, Warga Selo Boyolali Ngibarake Gendera Raksasa ing Lereng Merapi lan Merbabu
Baca juga: Viral Foto Pendaki Gunung Merapi Tiktokan Nalika Status Siaga, Iki Jawaban BTNGM
Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia
Baca juga: Cah Wedok sing Viral Joget Tiktok ning Bangjo Klaten Diamanke Polisi
"Itu berlaku mulai 17 Agustus sampai 20 Agustus 2021," ujare Ika, Selasa (17/8/2021).
Pelayanan gratis kui miturut Ika carane dheweke mengeti Kamardikan Indonesia kaping 76.
Ing wayah pandemi iki, dheweke ora isa gawe lomba pitulasan utawa rame-rame kaya sakdurunge wayah corona.
Sabanjure dheweke mikir kepiye carane mengeti Kamardikan Indonesia sing isa ngepaske kahanan, yaiku saka aktivitas harian ing bengkele.
"Ya akhirnya kita alihkan saja, tetap merayakan dengan cara memanfaatkan aktivitas harian kami yang kebetulan bengkel," kandhane.
Sakliyane kanggo mengeti Kamardikan Indonesia, tujuane Ika yaiku pingin andum bagi karo wong liya senadyan pendapatane dhewe ora sepira
Apa maneh ing wayah pandemi kaya ngene iki, apa-apa dirasa angel.
"Saat ini banyak orang memilih menahan dulu pergi ke bengkel karena uangnya untuk makan," ujare.
Miturut Ika, antusiase warga gedhe nalika ana servis motor gratis.
Ana welasan wong kang teka lan kepincut servis gratis ana ing bengkel kana.
Kanggo warga sing pingin servis motor gratis carane gampang, yaiku cukup nuduhake KTP utawa SIM gawe mbuktekake jenenge Agus lan wong sing kelairan 17 Agustus.
(*)