Kabar Saiki
Mengeti Kamardikan RI, Warga Selo Boyolali Ngibarake Gendera Raksasa ing Lereng Merapi lan Merbabu
Welasan warga ning lereng Gunung Merapi ing Kecamatan Selo Boyolali ngibarake gendera raksasa abang putih, Selasa (17/8/2021) wingi.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, BOYOLALI - Welasan warga ing lereng Gunung Merapi Kecamatan Selo Boyolali ngibarake gendera raksasa abang putih.
Gendera kang dawane 30 meter lan amba 6 meter, dipasang ana ing kebun mbako, Selasa (17/8/2021).
Salah sawijine tokoh masyarakat ing kana, Kasno Trisno Samiji menehi katrangan yen dudu ukuran gendera sing utama ing acara kui.
Nanging ngunggahake gendera ing lereng Gunung Merapi lan Merbabu, kui dadi simbol saka rasa nasionalisme warga Selo kanggo Indonesia.
Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok
Baca juga: Viral Foto Mahasiswi Dipasang ning Baliho, Hadiah Sidang Skripsi saka Kanca-kancane
Baca juga: Cah Wedok sing Viral Joget Tiktok ning Bangjo Klaten Diamanke Polisi
Baca juga: Gara-gara PPKM, Keraton Kasunanan Surakarta lan Pura Mangkunegaran Ora Nganakake Kirab 1 Suro
"Bukan ukuran yang terpenting. Sebab akan lebih besar lagi bendera yang ada di hati para warga di Selo," ujare.
Sakliyane iku, miturut Kadus 1 Desa Selo Mashudi ngendika, ana kekarepan gedhe saka warga Selo ing Dirgahayune Republik Indonesia kaping 76, yaiku Indonesia kabebas saka pandemi Covid-19.
"Saya berharap pandemi Covid-19 segera berakhir agar aktivitas masyarakat bisa normal dan ekonomi kembali membaik," ucape, dilansir saka Kompas.com.
Sak durunge ngibarake gendera raksasa, para warga padha kumpul.
Banjur gendera raksasa diarak ing sadawane dalan wisata Solo-Selo-Borobudur (SSB), lan padha kompak muni 'merdeka'.
Sakwise tekan lokasi, gendera raksasa dibuka kanthi iringan lagu Indonesia Raya.
Ora lali sikap jejeg penghormatan kanggo gendera dilakoni dening para peserta kirab.
(*)