Kabar Saiki
Kobongan Gunung Andong Kemis Wengi Ndadekake 9 Hektar Lahan Gosong
Lahan sing ambane sekira 9 hektar ing Gunung Andong, Kamis (26/08/2021) wengi kobongan, tepate ing Dusun Temu Desa Girirejo, Ngablak, Magelang.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, MAGELANG - Lahan sing ambane sewetara 9 hektar ing Gunung Andong, Kamis (26/08/2021) wengi kobong.
Lokasine sekitar ing Dusun Temu Desa Girirejo Kecamatan Ngablak Kabupaten Magelang.
Saka foto sing kasebar ing maneka werna media sosial, katon sedawane lereng Gunung Andong kobongan.
Kapethik saka Tribunjogja.com Kepala Pelaksana BPBD Kabupaten Magelang Edi Wasono menehi katrangan, area sing kobong kui ana ing wilayah Dusun Temu, Desa Girirejo, Kecamatan Ngablak, Kabupaten Magelang.
Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia
Baca juga: Puluhan Warga Karanganom Klaten padha Dadi Miliarder Sakwise Narima Ganti Rugi Tol Solo-Jogja
Baca juga: Viral Kethek Buntut Dawa Mudhun saka Gunung Merapi, Iki Jawabe TNGM
Baca juga: Viral Bocah Lanang Sidoarjo Diculik Arep Didadekake Pengemis, Iki Jawabe Polisi
Luwih tepate ana ing petak 26E utawa puncake Gunung Andong lan adoh saka papan tinggale warga.
Edi nyritakake yen kadadeyan kobongan ing Gunung Andong, wis dikoordinasikake karo maneka tim, kaya ta Perhutani Kedu Utara, Satgas, TRC Kabupaten Magelang, relawan, nganti para warga.
"Kami sudah menurunkan tim untuk melakukan koordinasi dengan Perhutani Kedu Utara. Serta pengecekan oleh Satgas dan TRC BPBD Kabupaten Magelang, relawan, hingga warga," ujare Jumat (27/08/2021).
Saka kasil assesment pihak Perhutani, ambane alas sing kobong kurang luwih 9 hektar.
Dene tanduran sing kobong kui jinise perdu, kaya ta alang-alang lan semak-semak.
Edi Wasono nerusake, para tim bebarengan bakalan isih nglakoni penyisiran ana ing Gunung Andong.
"Hari ini, bersama semua tim masih akan dilakukan penyisiran," pungkase.
(*)