Kabar Saiki
Klaten Bakal Ana Rest Area saka Proyek Tol Solo-Jogja, Ambane 8 Hektar
Siap-siap mlebu wilayah Klaten lewat tol, bakal ana rest area sing ambane 8 hektar sing rencane bakal dibangun ing Kecamatan Ngawen, Kabupaten Klaten.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, KLATEN - Siap-siap mlebu wilayah Klaten lewat tol, bakal ana rest area sing ambane 8 hektar.
Nadyan isih rencana, nanging proyek iki bakale dibangun ing Kecamatan Ngawen, Kabupaten Klaten.
Kapethik saka Tribunsolo.com, wacana iki dicritake Direktur Teknik PT Jogja-Solo Marga Makmur (JSMM) Pristi Wahyono, Kamis (2/9/2021).
Saka katrangane yen wacana rest area kui saka kasil rembug lan arahan Pemerintah Kabupaten Klaten.
Baca juga: Warga Desa Sabranglor Kabupaten Klaten Geger, Ana Trowongan Ngisor Lemah Praduga Tinggalane Landa
Baca juga: Korban Kapusan Arisan Online Blora padha Lapor Polisi, Rugi Nganti Rp 45 Miliar
Baca juga: Siap-siap, Praupane Pelanggar Lalu Lintas Kota Malang Bakal Ditayangake ing Videotron lan Instagram
Baca juga: Viral Wong Lanang Kaos Ireng Menek Patung Kuda Arjuna Wijaya Boyolali, Iki Jawabe Bupati Said
Saka rembugan kui, Pristi Wahyono sepakat saka alternatif usulane Pemda, nanging dheweke njaluk wektu kanggo konsultasi marang Badan Pengatur Jalan Tol (BPJT) lan rembugan karo tim.
"Kami sepakat dengan alternatif yang menjadi pilihan dari Pemda, namun kami meminta waktu untuk konsultasi dengan Badan Pengatur Jalan Tol (BPJT)," ngendikane.
Ujare Pristi, usulan ngenani rest area kui durung tahu ana ning ndi wae.
"Pengajuan rest area ini belum pernah terjadi, di manapun, dan nanti kami akan laporkan ke BPJT," critane.
Samengko rencana rest area sing ana ing Klaten kui ambane 8 hektar lan bakal dibangun ing Desa Manjungan Kecamatan Ngawen Kabupaten Klaten.
Critane Pristi maneh, saka ajuane Pemkab Klaten rest area bakal nyigar dalan kabupaten sing saben ambane 1,5 hektar ing lor lan 6,5 hektar ing sisih kidul.
"Dalam pengajuan dari Pemkab Klaten, rest area disana akan terpotong jalan kabupaten, masing-masing 1,5 hektar di utara dan 6,5 hektar di selatan," pungkase.
Kaya sing dimangerteni pagawean proyek dalan Tol Solo-Jogja wis diwiwiti kanthi pira-pira tahapan.
Mengkone Kabupaten Klaten sing salah siji melu proyek Tol Solo-Jogja bakal dilewati nganti 28 kilometer.
(*)