Kabar Saiki
Viral Wong Lanang Kaos Ireng Menek Patung Kuda Arjuna Wijaya Boyolali, Iki Jawabe Bupati Said
Aksi wong lanang kaos ireng menek patung Kuda Arjuna Wijaya ing Simpanglima Boyolali viral lan ditanggepi maneka warna warganet.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, BOYOLALI - Aksi wong lanang kaos ireng menek patung Kuda Arjuna Wijaya ing Simpang Lima Boyolali viral.
Wong lanang kui nekat menek nadyan ing kana ana wara-wara larangan kanggo munggah.
Kadadeyan iki salah sijine diunggah akun instagram @boyolali_info, Minggu (30/8/2021) lan gawe warganet menehi komentar maneka werna kaya ta.
"Wis dikei peringatan nekat.nek ditertibke nezunezu klaripikasi. Sesuk nek raentuk jajan gersulo. Dikon ning ngomah maido pemirintih. Di longgarke sitik malah ndodro. Yungalah warga wakanda," tulise @ghanijullio.
Baca juga: Mantan Bupati Boyolali Seno Samodro Gawe Video Klip, Cover Lagune Ade Manuhutu Sst Si Betis Indah
Baca juga: Korban Kapusan Arisan Online Blora padha Lapor Polisi, Rugi Nganti Rp 45 Miliar
Baca juga: Puluhan Warga Karanganom Klaten padha Dadi Miliarder Sakwise Narima Ganti Rugi Tol Solo-Jogja
Baca juga: Gara-gara Komentar Sinis ing Media Sosial, Cah Nom ing Indramayu Jawa Barat Diciduk Polisi
"Dipasangi sensor alarm...ditumpaki muni muni," @alwanitunamaku.
"Mgkin buta hurup raiso moco tp nek ngitung duit ora kliru," @anandikha_rinto.
Kapethik Tribunsolo.com Bupati Boyolali M Said Hidayat nanggepi, yen bakal nindak kelakuane warga sing nglanggar aturan kaya mangkana.
Pihake uga mrintah jajaran Satpol PP kanggo menehi pringatan.
“Kami akan peringatkan,” ujare Said.
Said Hidayat uga negesi, yen aksi kaya mangkana ora patut ditiru.
Dheweke uga ngajak para masyarakat kabeh supaya bareng-bareng njaga fasilitas umum pemerintah.
Pesene, ora usah nunggu petugas, nanging yen ana kadadeyan kaya mangkana, masyarakat kudu padha enggal ngelingake.
“Jangan nunggu dari petugas. Kalau ada yang seperti itu, masyarakat juga harus mengingatkan,” tegese Said.
Kaya sing dimangerteni, Simpang Lima Boyolali sing ana ikone Arjuna Wijaya karo turangga utawa jaran kui salah siji ikon khase Kabupaten Boyolali.
(*)