Komik Mbangjo
Komik Mbangjo Edisi 20: MANGKAT PERANG
Komik Mbangjo edisi 20 dengan judul Mangkat Perang. Ikuti terus kisah dan cerita seru komik Mbangjo hanya di Tribun Jateng.
TRIBUNJATENG.COM - Komik Mbangjo edisi 20 dengan judul Mangkat Perang. Ikuti terus kisah dan cerita seru komik Mbangjo hanya di Tribun Jateng.
MANGKAT PERANG
Bambang siap-siap arep lungo koyo arep mangkat perang. Bejo teko
Bejo: Arep ningndi kowe Mbang kok koyo arep mangkat perang wae.
Bambang: Lha pancen aku arep mangkat perang iki Mas, mulane to sok moco berita ben weruh perkembangan.
Bejo: Lho iki tenan ono perang to? Kok koyone adem ayem wae Mbang.
Bambang: Woo ngene ki lho wong nek ora peduli karo bangsa dan negara. negarane geger geden kok malah adem ayem wae.
Bejo: Lha pancen aku ora krungu nek ono perang Mbang. terus aku kudu piye iki?
Bambang: Wis ra usah crigis, kene aku nyilih senjatane. Nduwe senjata opo kowe? Nek ora nduwe opo-opo, bambu runcing yo rapopo.
Bejo: Ngawur kowe Mbang, jaman saiki opo iso perang nganggo bambu runcing? Musuhe wis nganggo rudal jarak jauh kok!
Bambang: Sing penting kan maju sik mas, soal menang kalah pikir keriii!
Bejo: Lha emange arep perang karo sopo to Mbang?
Bambang: Lho durung krungu yo? Indonesia kan arep perang lawan Jepang Maaasss...jarene Jepang arep mbalik njajah dewe maneh.
Bejo: Woooh cah ngawuuurr..iku ora perang Mbaaang...kuwi balbalan!
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/jateng/foto/bank/originals/Komik-Mbangjo-20.jpg)