TRIBUNJATENG.COM - Maneka werna hadiah sing bakal ditampa Greysia/Apriyani, ora bisa dipisahake saka perjuangane entok medali emas Olimpiade Tokyo 2020.
Bab hadiah sing bakal ditampa Greysia/Apriyani, sawetara pihak padha janjeni maneka werna.
Ana omah, apartemen, pekarangan kosong, lan paket preinan gratis.
Sadurunge kontingen Indonesia tandhing menyang Jepang, pamerintah Indonesia janji yen bakal menei bonus Rp 5 milyar kanggo atlit pamenang medali emas.
Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia
Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok
Baca juga: Kecelakaan Adu Banteng Motor Vario Vs Beat di Sukoharjo, Begini Kondisi Pengendara
Baca juga: Pendakian Gunung Lawu Malam 1 Suro Ditutup, Orang-orang Kekeh Pasang Tenda di Taman Sakura
Ora mung kui, ana maneh saka Presiden Arema FC, Gilang Widya Pramana lan Grab Indonesia sing padha menehi hadiah arupa dhuwit Rp 500 yuta.
Sabanjure hadiah wujud omah lan apartemen saka pihak liyane.
Hadiah omah diwiwiti saka Ketua Umum PBSI Agung Firman Sampurna, sing wis nyiapake papan panggonan ing wilayah kondhang Pantai Indah Kapuk (PIK).
Ora mung iku, apartemen ing wilayah BSD City Serpong, Tangerang uga bakal dadi papan dununge Greysia/Apriyani lan gurune Eng Hian.
Pamerintah Kabupaten Konawe minangka lemah kelairane Apriyani Rahayu, uga melu menehi hadiah omah.
Greysia Polii uga bakal entuk omah saka Gubernur Sulawesi Utara, Olly Dondokambey.
Sakliyane dhuwit lan omah, hadiah sing bakale ditampa Greysia/Apriyani yaiku;
- Outlet Baso Aci Akang saka YouTuber Arief Muhammad
- Wisata gratis menyang 5 tujuan saka Menteri Pariwisata lan Ekonomi Kreatif (Menparekraf) Sandiaga Uno
- Panerbangan Garuda kanthi gratis setaun saka Kedutaan Besar Indonesia ing Tokyo
- Iphone 12 Pro Max saka Eka Group Cellular
- Kopi Gratis ing Filosofi Kopi sajroning urip
- Lan tawaran iklan saha dukungan saka maneka werna perusahaan.
(*)