Kabar Saiki

Viral Video Langit Sigar ning Pacitan Jawa Timur, Iki Katrangan BMKG

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

TRIBUNJATENG.COM, PACITAN - Viral ning media sosial sawijine video fenomena alam sing disebut langit sigar ing Pacitan, Jawa Timur.

Video kanthi 58 detik iku salah sijine diunggah akun Facebook Pacitah Network, Sabtu (7/8/2021).

Saka unggahane, perekam menehi katrangan yen kadadeyan langit sigar ing Kabupaten Pacitan, yaiku 6 Agustus 2021.

Langit sigar iku bentuke ayu tenan, kaya ombak lan lisus sing misah wetan lan kulon.

Baca juga: Menika Hadiah sing Bakal Ditampa Greysia/Apriyani Sakwise Entuk Emas Olimpiade Tokyo 2020

Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok

Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia

Baca juga: Kisah Haru 6 Anjing Setia Menjaga Jenazah Majikan di Tangerang, Pemilik Meninggal Terpapar Corona

Virale video kui, gawe warganet pada nduga dhewe-dhewe yen bakal ana kadadeyan alam kayata wujude lindhu.

Nanggepi video viral iku, Kepala Bidang Mitigasi Gempa Bumi lan Tsunami BMKG, Daryono menehi katrangan.

Miturut Daryono, ana 2 dugaan kadadeyan awan unik sing bentuke lurus ana ing Pacitan.

Dugaan sepisan awan unik kui kabentuk saka roll cloud utawa awan gulung.

Awan gulung mau kadadeyane amarga ketemune rong massa angin karo lembabe pega banyu sing wujude beda.

Dugaan loro, merga lintasan pesawat jet.

Rong dugaan sing diterangake Daryono, metu saka tayangan video viral ning media sosial sing wujude kurang jelas.

Nanging dheweke mastekake yen awan lurus sing disebut nyigar langit kui fenomena atmosferik biasa.

Dudu tandha arep kadedayan lindu gede utawa bencana alam liyane.

(*) 

Berita Terkini