Kabar Saiki

Viral Wong Lanang Nganggo Popok Ngibarke Gendera Abang Putih ing Dalan

AA

Text Sizes

Medium

Large

Larger

TRIBUNJATENG.COM, BEKASI - Video wong lanang mung nganggo popok ngibarake gendera abang putih viral ning media sosial.

Video kanthi durasi 20 detik, salah sijine diunggah akun instagram @bekasi.terkini.

Saka rekaman video, katon wong lanang ngadeg ngibarake gendera abang putih.

Wong lanang kui ora nggawa klambi nanging mung nganggo popok.

Baca juga: Jeneng Agus lan Kelairan 17 Agustus Gratis Servis Motor ing Kediri Jawa Timur

Baca juga: Mengeti Kamardikan RI, Warga Selo Boyolali Ngibarake Gendera Raksasa ing Lereng Merapi lan Merbabu

Baca juga: Viral Anak ning Sidoarjo Nandatangani Layang Materai, Isine Ora Gelem Ngrumat Bapake sing Lara Strok

Baca juga: Gara-gara Jeneng Kromowidjojo, Atlet Nglangi Walanda Iki Dadi Kembang Lambe Masyarakat Indonesia

Video iki uwis ditonton pitong ewunan luwih lan gawe warganet menehi komentar maneka werna kaya ta.

@ferriandika_aw: Gausah ngibarin bendera merah putih kalo kayak gitu caranya mah

@hasbunallahanwar: Sedikit orang saja yang mengerti dari makna tersebut, sehingga hanya bisa mencemooh atau tidak setuju. Cobalah berfikir luas. Jangan hanya melihat tanpa busana bapak ini. Tapi makna dari itu apa.

@ryanrickyp: Dalem maknanya, moga para pimpinan neg3ri ini paham...aamiin

@kertas2lembar: Ada makna yang tersirat.

Kapethik saka Tribunnews.com, Ade Mei Hendra wong sing ngrekam nyeritakake yen kadadean kui ana ing Dalan Jenderal Ahmad Yani, Kota Bekasi.

Cethane ana ngarep Mega Bekasi Hypermall, Selasa, (17/08/21).

"Sekitar jam 3-an, terus langsung saya rekam aja," ujare.

Ade nerangake yen wong lanang sing nglakoni aksi kui ora dhewekan.

Wonge dikancani karo balane sing cacahe loro, ngrekam lan ndelokake kahanan ing pinggir dalan.

"Kalau yang ngibarin bendera ada satu orang aja, tapi temen-temannya sekitar dua orang ada di seberang jalan," ujare maneh.

Ade nerusake, yen aksine wong ngibarke gendera mung gawa popok kui rada suwe lan ora ngerti kekarepane kanggo apa.

"Lumayan lama, kurang tahu juga maksudnya apa, kita cuma lihat dari jauh aja terus iseng-iseng rekam," pungkase.

(*) 

Berita Terkini