Wonosobo Hebat
Selamat Datang di Superhub Pemkab Wonosobo

Cerita Dongeng Anak Sebelum Tidur Bahasa Jawa: Grojogan Roro Kuning

Berikut Ini Cerita Dongeng Anak Sebelum Tidur Bahasa Jawa: Grojogan Roro Kuning

Penulis: non | Editor: galih permadi
Freepik
ILUSTRASI CERITA RAKYAT INDONESIA - Cerita Dongeng Anak Sebelum Tidur Bahasa Jawa: Grojogan Roro Kuning 

Cerita Dongeng Anak Sebelum Tidur Bahasa Jawa: Grojogan Roro Kuning

TRIBUNJATENG.COM - Sawise Prabu Erlangga seda, kraton Kahuripan kaperang dadi loro yaitu Jenggala lan Panjalu.

Kanggo ndadekake Kraton loro dadi siji meneh, Raja Jenggala sarujuk besanan karo Raja Penjalu.

Raja Jenggala kagungan putra kakung asmane Raden Inu Kertapati.

Dene Raja Panjalu saka garwa prameswari kagungan putri asmane Dewi Sekartaji, lan saka garwa selir kagungan putri asmane Galuh Ajeng.

Amarga Dewi Sekartaji luwih ayu lan apik budi pakertine yen katandhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapati milih Dewi Sekartaji minangka jodhone.

Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji.

Saka dhukun tenung, Galuh Ajeng oleh endhog sing wis dijampi-jampi kanggo disisipake ing dhaharane Dewi Sekartaji.

Sawise Dewi Sekartaji dhahar endhog mau, sakujur awake Dewi Sekartaji krasa gatel, padha mlepuh, lan ngetokake ganda amis.

Sadhar yen larane ora biasa, Dewi Sekartaji banjur sowan bibine yaiku Dewi Kilisuci pertapan Guwa Selomangleng.

"Laramu iki lara sembarangan, nanging kowe aja was-sumelang. Yen kowe bisa sabar, gelem ngupaya golek tamba,

lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kawasa, kowe malah bakal oleh kanugrahan," ngendikane Dewi Kilisuci manteb.

"Aja kesuwen, saiki enggal mlakua ngalor temokna Grojogan Mrambat ing Anjuk Ladhang (saiki Nganjuk)!

Mesanggraha ana kana, saben esuk lan sore adusa nganggo banyune sing bening!

Aja pisan-pisan gawe karusakan ing kana, awit banyune sing suci bisa dadi tambane laramu lan alame sing asri bisa ngadhemake ati sing panas!" Ngendikane Dewi Kilisuci sabanjure.

Ora Nindakake dhawuhe Dewi Kilisuci, ing Grojogan Mrambat Dewi Sekartaji ngedegake pesanggrahan.

Supaya ora konangan yen panjenengane iku putra raja, Dewi Sekartaji ganti asma yaiku Roro Kuning.

Panjenengane tansah njaga grojogan supaya tetep resik lan asri.

Saben dina panjenengane siram lan ngunjuk banyu grojogan.

Ora nganti suwe kira-kira pitung dina lawase, penyakite Roro Kuning wis ilang. Roro Kuning mbalik dadi ayu maneh, ayu rupane uga ayu atine.

Suwe-suwe Grojogan Mrambat dadi rame, akeh pawongan sing padha golek tamba ing kana.

Roro Kuning kanthi suka rena tansah paring tetulung marang sapadha padha, kanthi menehi dhaharan lan suguhan marang sakabehe pawongan sing mertamba.

Kacarita, ing Jenggala Raden Inu Kertapati pirsa yen Dewi Sekartaji calon garwane ilang, panjenengane sedhih banget.

Saka prajurit andhahane, panjenengane oleh lapuran yen ing Grojogan Mrambat ana wong wadon ayu sing seneng tetulung jenenge Roro Kuning.

Raden Inu Kertapati yakin yen Roro Kuning iku sejatine Dewi Sekartaji.

Raden Inu Kertapati banjur kadherekake para prajurit mapag Dewi Sekartaji.

Sawise ketemu, Dewi Sekartaji kaboyong didadekake garwa ing kraton.

Sadurunge kondur ing kraton Raden Inu Kertapati dhawuh, "Besuk yen ana rejane zaman papan iki diarani Grojogan Roro Kuning!" (*)

Sumber: Tribun Jateng
Berita Terkait
Ikuti kami di
AA

Berita Terkini

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved