Kabar Saiki
Geger Iwak Toman ing Desa Sabrang Lor Klaten Ditawa Nganti Yutanan, Iki Jawabe LIPI
Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia utawa LIPI melu nanggepi iwak toman sing ditemokake warga Desa Sabrang Lor, Kecamatan Trucuk, Kabupaten Klaten.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, KLATEN - Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia utawa LIPI melu nanggepi iwak toman sing ditemokake warga Desa Sabrang Lor, Kecamatan Trucuk, Kabupaten Klaten.
Iwak raksasa sing ditemokake sakwise penemuan trowongan Landa lan bulus utawa labi-labi iki, pirang dina kepungkur sempet gawe geger, merga dinyang nganti yutonan.
Kapethik saka Kompas.com, Haryono Ahli Peneliti Utama Bidang Ikan saka LIPI, iwak toman iki jinise melu kelompok iwak gabus.
Saka klasifikasine yaiku ordo Anabantifromes lan famili Channidae saka spesies Channa micropeltes.
Baca juga: KUA Jebres Solo Nduwe Program Layanan Biro Jodho, Mahar nganti Rabi Gratis
Baca juga: Gara-gara Nganggo Masker Bathok Klapa, Sawijine Tukang Parkir ing Bali Kena Push Up Satpol PP
Baca juga: Rante Raksasa Ditemokake ing Kelurahan Triharjo Bantul Yogyakarta, Praduga Tinggalane Landa
Baca juga: Warga Desa Sabranglor Kabupaten Klaten Geger, Ana Trowongan Ngisor Lemah Praduga Tinggalane Landa
Haryono ngendika, iwak toman ngandhut gizi sing padha karo iwak liyane.
Nanging tambahane, iwak toman ngandhut albumin, sing nduweni manfaat kanggo kesehatan.
Tuladhane kaya ta wong sing bar operasi, yen ngonsumsi iwak kaya ngene iki isa marakake cepet mari.
"Kandungan gizi tidak berbeda jauh dengan ikan lain, namun ikan ini mengandung albumin yang sangat berguna untuk kesehatan.
Misalnya yang baru operasi atau untuk mempercepat kesembuhan," ujare, Kamis (9/9/2021).
Haryono nerusake, ukuran iwak toman dawane isa nganti 130 centimeter lan bobote nganti 20 kilogram.
Nanging iwak kaya ngene iki rata-rata dawane mung 70 nganti 80 centimeter, kanthi bobot 3 nganti 5 kilogram.
"Tapi umumnya paling sekitar 70-80 sentimeter dengan bobot 3-5 kilogram," kandane.
Ujare Haryono, ngenani habitate iwak toman bisa urip ing ngendi wae, kaya ta kali, embung, lan blumbang utawa rawa, sing nduweni arus banyu kalem utawa tenang.
Sebarane iwak toman ing benua Asia kui ana ning Thailand, Malaysia, India, lan Indonesia utamane Sumatra lan Kalimantan.
"Sebaran luas di Asia, di antaranya Thailand, Malaysia, India, dan Indonesia/Paparan Sunda (Sumatra dan Kalimantan), termasuk Indo-China," kandhane maneh.