Kabar Saiki
Gara-gara Nganggo Masker Bathok Klapa, Sawijine Tukang Parkir ing Bali Kena Push Up Satpol PP
Nduwe karep nglakoni inovasi saka masker sing biasa dienggo kanggo aktivitas saben dina, tukang parkir ing Bali iki malah kena sanksi.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, BALI - Nduwe karep nglakoni inovasi saka masker sing biasa dienggo kanggo aktivitas sabendina, tukang parkir utawa juru parkir ing Bali iki malah kena sanksi push up.
Sanksi kui diwenehake merga dheweke nganggo masker saka bathok klapa.
Kadadeyan iki dialami wong saka Bali yaiku Nengah Budiasa (44) sing saben dina nyambut gawe dadi tukang parkir.
Budiasa crita yen sepisanan nganggo masker bathok klapa kuwi wiwit Senin (30/8/2021) nalika nyambut gawe.
Baca juga: Rante Raksasa Ditemokake ing Kelurahan Triharjo Bantul Yogyakarta, Praduga Tinggalane Landa
Baca juga: Klaten Bakal Ana Rest Area saka Proyek Tol Solo-Jogja, Ambane 8 Hektar
Baca juga: Warga Desa Sabranglor Kabupaten Klaten Geger, Ana Trowongan Ngisor Lemah Praduga Tinggalane Landa
Baca juga: Viral Wong Lanang Kaos Ireng Menek Patung Kuda Arjuna Wijaya Boyolali, Iki Jawabe Bupati Said
Ujare Budiasa, yen nganggo masker saka bathok klapa dheweke luwih kepenak nalika ngomong lan nyemprit sempritan.
"Berasa lebih nyaman, ngomong juga bisa lebih jelas," kandhane.
Alesan liyane, dheweke kerep dielokake utawa ditegur pelanggan parkir, merga masker medise sing biasa dienggo kui kerep reged.
"Kan susah kalau pakai masker medis, saya harus pakai peluit untuk lalu lintas, cepat kotor, terus pelanggan banyak protes (karena kotor)," critane Budiasa.
Ora pingin wong sing weruh ngrasa risih, dheweke banjur modifikasi batok klapa dadi masker.
Carane bathok klapa kui dibolongi ing tengah ben isa gawe nyebul sempritan.
Ben tetep steril lan resik, saben dina sakwise dheweke nyambut gawe, masker bathok klapa kui dikumbah lan dipeme supaya isa dienggo maneh.
"Selesai kerja, langsung dicuci dan dijemur, besoknya dipakai lagi," ujare Budiasa maneh.
Inovasine Budiasa sing kaya mangkono jebul nyalahi aturan, dheweke banjur kena razia saka Satpol PP Kota Denpasar.
Nalika dirazia Budiasa kena sanksi push up lan gawe layang pernyataan supaya ora nganggo masker saka bathok klapa maneh.
Ngenani kadedeyan kui Kepala Satpol PP Kota Denpasar I Dewa Gede Anom Sayoga menehi katrangan, yen masker sing dienggo Budiasa kui ora direkomendasekake saka pemerintah lan medis.