Kabar Saiki
Kepala OJK Jember Njajal Pinjol, Nemokake Praktik Apus-apus, Bunga Dhuwur Nganti Tampane Dhuwit Beda
Kepala Otoritas Jasa Keuangan utawa OJK Jember, Hardi Rofiq nemokake praktik apus-apus sing dilakokake jasa pinjaman online utawa pinjol sing ilegal.
Penulis: Muhammad Khoiru Anas | Editor: abduh imanulhaq
TRIBUNJATENG.COM, JEMBER - Kepala Otoritas Jasa Keuangan utawa OJK Jember, Hardi Rofiq nemokake praktik apus-apus sing dilakokake jasa pinjaman online utawa pinjol sing ilegal.
Kaya ngono iku ditemokake nalika dheweke njajal melu pinjol ilegal supaya bisa ngerti kepiye motif sing dilakoni.
Hardi crita, nalika njajal pinjol ilegal dheweke ora diwenehi ngerti ngenani bunga sing bakal dibayar wiwit awal nglakoni silihan utawa pinjaman.
Bungane jebul akeh, saben dina nganti Rp 56 ewu.
Baca juga: Geger Iwak Toman ing Desa Sabrang Lor Klaten Ditawa Nganti Yutanan, Iki Jawabe LIPI
Baca juga: KUA Jebres Solo Nduwe Program Layanan Biro Jodho, Mahar nganti Rabi Gratis
Baca juga: Gara-gara Nganggo Masker Bathok Klapa, Sawijine Tukang Parkir ing Bali Kena Push Up Satpol PP
Baca juga: Rante Raksasa Ditemokake ing Kelurahan Triharjo Bantul Yogyakarta, Praduga Tinggalane Landa
Dheweke banjur nakokake pengelola pinjol ilegal ngenani aturan bunga sing dirasa ora transparan.
Saka jawabane pinjol ilegal, jarene pancen ora diatur lan ketentuane wis baku kaya mangkono.
“Dia (pinjol ilegal) menjawab, memang tidak diatur, memang ketentuannya begini,” critane Hardi sing dipethik saka Kompas.com, Kamis (9/9/2021).
Jebul ora mung bungane sing gedhe, dhuwit sing ditampa melu dipotong utawa dilongi nganti 30 persen.
Kaya mangkono kabukti nalika dheweke njajal nyilih seyuta, sing mlebu rekening mung Rp 700 ewu.
“Saya coba sendiri, saya pinjam Rp 1.000.000, yang masuk ke rekening cuma kurang lebih Rp 700.000,” kandhane maneh.
Hardi uga nemokake cara pinjol ilegal njebak nasabah supaya entuk masalah sing bakale mbulet.
Pinjol ilegal ora ngatur wektu kanggo mbayar angsuran silihan.
Kaya ngono, bakal ngangeli wong sing nyambut gawe nampa dhuwit saben sasi, merga pinjol ilegal narike angsuran sawektu-wektu.
“(Pinjol ilegal) belum waktu gajian sudah ditagih, ini jadi lingkaran setannya,” ujare.
Sateruse yen nasabah ora isa mbayar, pinjol ilegal bakal ngarahake supaya nyilih pinjol liyane.