Dongeng Bahasa Jawa Sebelum Tidur untuk Anak Cerita Gagak lan Semut
Berikut ini cerita dongeng Bahasa Jawa yng bisa dibacakan untuk anak sebelum tidur tentang Gagak dan Semut.
Penulis: non | Editor: galih permadi
TRIBUNJATENG.COM - Berikut ini cerita dongeng Bahasa Jawa yng bisa dibacakan untuk anak sebelum tidur tentang Gagak dan Semut.
“Kowe sajake kok lagi susah ta Gak? Ana apa?” takone Tawon sing awan kuwi kebeneran lagi leren ora adoh saka anggene Gagak leren.
“Aku lagi nggoleki kancaku, Won. Nanging durung ketemu,” wangsulane Gagak.
“Kancamu sing sapa?” takone Tawon maneh.
“Si Semut. Kowe ngerti ora?” wangsulane Gagak semu takon.
“Oalah, aku ngerti. Esuk mau aku ketemu. Nalika daktakoni arep menyang ngendi. Dheweke mangsuli arepe golek madu paling enak sadonya. Mlakune mrana, hlo,” Tawon mangsuli sinambi nuding arah sing dituju Semut.
“Tenane?” Gagak nyoba takon sepisan maneh.
“Tenan. Aku ora ngapusi,” wangsulane Tawon manteb.
Sawise rasa kesele suda. Gagak banjur mbacutake laku nggoleki Semut menyang papan sing dituding Tawon.
“Si Semut iki mesthi nggoleki madu kaya sing dicritakake Kancil,” batine Gagak.
Gara-gara madu iki kang ndadekake Gagak lan Semut tukaran. Ing wektu kuwi Gagak lan Semut dicritani Kancil ngenani madu paling enak ing alas Wanacarita.
Sejatine Gagak lan Semut padha-padha percayane ngenani anane madu kasebut.
“Aku ora ngerti kena ngapa Semut nganti nekad pengin mbuktekake bener lan orane anane madu kaya sing dicritakake Kancil.
Kamangka ing alas iki isih akeh panganan sing rasane luwih enak tinimbang madu,” batine Gagak sinambi nyepetake anggene mabur.
Manut critane Kancil madu sing paling enak ing alas wanacarita iki manggon ing sacedhake goa gambar. Madu kuwi diwadhahi botol emas sing dijaga gajah putih sing gedhe banget.
Gajah putih sing njaga botol emas isi madu iki mujudake kewan paling sekti lan rosa ing alas wanacarita.
Mbayangake Semut bakal perang tandhing klawan Gajah Putih sing njaga madu sing diwadhahi botol emas iki ndadekake Gagak wedi dhewe.
Bareng wis tekan sacedhake Goa Gambar. Gagak kaget banget weruh akeh watu pating ambyar lan wit-witan kang padha rubuh. Luwih kaget maneh nalika Gagak ngerti Gajah Putih nglimpruk tanpa daya.
“Oh, isih ambegan. Jebul Gajah Putih iki mung semaput, nanging sapa sing kasil nggawe Gajah Putih iki semaput?,” takone Gagak ing njero batin.
Gagak banjur mabur maneh lan nggoleki ing ngendi dununge Semut.
“Ah, mesthine kae botol emas sing isine madu paling enak,” batine Gagak sinambi ngendhekake anggene mabur.
Dumadakan Gagak keprungu swara njaluk tulung.
“Kae swarane Semut, nanging ing ngendi?” batine Gagak. “Mut….Semut, kowe ing ngendi?” takone Gagak.
“Aku ing kene, Gak. Aku kecemplung ing jero botol. Tulung entasna aku!” panjaluke Semut.
Amarga pengin cepet-cepet nulungi kancane. Gagak banjur nglebokake cucuke menyang bolongan botol.
Emane cara iki ora kasil amarga bolongane botol luwih cilik tinimbang cucuke.
“Piye carane nulungi Semut?” batine Gagak.
Ing satengahe rasa bingunge. Gagak nemu cara. Pecahan watu sing sumebar ing sakiwa tengene batol dicucuki cilik-cilik lan dilebokake menyang njero botol.
Sithik mbaka sithik madu ing njero botol gelem munjuk. Gandhenge iki ditindakake terus. Madu ing botol emas mau banjur mluber lan Semut sing ana njerone katut metu.
“Gak, aku matur nuwun. Kowe wis nylametake nyawaku. Sepurane sing gedhe merga aku ora nuruti omonganmu. Saupama aku manut karo kowe. Mesthine ora kaya ngene dadine,” ujare Semut.
“Padha-padha, Mut. Becike awake dhewe cepet-cepet ninggalake papan kene. Mumpung Gajah Putih durung tangi!” pangajake Gagak.
“Tapi aku isih lemes banget, Gak. Aku durung kuwat mlaku dhewe,” ujare Semut.
“Babagan kuwi kowe ora usah mikir. Saiki munggaha ing awakku!” prentahe Gagak.
Semut manut lan kanthi tenaga kang kasisa. Semut banjur munggah menyang gegere Gagak.
Gagak banjur mabur menyang angkasa. Ing perjalanan mulih Gagak takon, “Sing nggawe Gajah Putih semaput kae sapa, Mut?”
“Aku, Gak.” (*)
tribunjateng.com
TribunEvergreen
dongeng bahasa jawa
dongeng fabel
dongeng sebelum tidur
dongeng pengantar tidur
Polemik Dokter RSI Sultan Agung Dianiaya Dosen FH, DPP IKA Unissula Terbitkan Dekrit |
![]() |
---|
Pemkab Jepara Ajak Insan Perhubungan Perkuat Moral dan Profesional untuk Transportasi Lebih Baik |
![]() |
---|
Sunarni Ceritakan Detik-detik Rumah Farida di Gisikdrono Semarang Rubuh |
![]() |
---|
Investor Enggan ke Blora Bukan Karena Mafia Tanah, Ini Penjelasan DPMPTSP |
![]() |
---|
PBB Batal Naik, Pemkab Pati Urungkan Renovasi Alun-alun dan Masjid Agung Baitunnur |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.