TRIBUNJATENG.COM, BLITAR - Nasib apes dirasakake sawijine wong saka Kota Blitar, Jawa Timur nalika ngisi liburan.
Gara-gara mancing ing area watu karang Tebing Semar, Pantai Banteng Mati dheweke kepleset lan tiba nganti nilar donya.
Kadadeyan sing nggegirisi iki dialami M Rofiq Ansory (50) warga Sananwetan, Kota Blitar, Minggu (29/8/2021) esuk.
Rofiq nilar donya merga tiba saka pucuk Tebing Semar sing dhuwure 7 meter lan awake kena watu karang.
Baca juga: Ospek Online Mahasiswa Anyar ITS Surabaya Tiru Foto Jaman Bocah, Warganet Komentar Maneka Warna
Baca juga: Viral Dalan Rusak ning Klaten Dipasangi Watu Nisan, Ditulisi: Harta Tahta Jalan Rata
Baca juga: Korban Kapusan Arisan Online Blora padha Lapor Polisi, Rugi Nganti Rp 45 Miliar
Baca juga: Kobongan Gunung Andong Kemis Wengi Ndadekake 9 Hektar Lahan Gosong
Kapethik saka Kompas.com Kasi Humas Polres Blitar Iptu Udiyono menehi katrangan, awale Rofiq mancing karo kancane ana ing Tebing Semar Desa Tambakrejo, Kecamatan Wonotirto, Kabupaten Blitar wektu 08.00 WIB esuk.
Nalika mancing, pelampung utawa ampul pancinge Rofiq nyangkut watu karang.
Banjur Rofiq ngodot-odot pancinge sing nyangkut, malah dheweke kepleset lan tiba.
"Ketika korban menarik-narik pancing yang tersangkut itulah, dia terpeleset dan jatuh," ujare.
Iptu Udiyono nerusake, saka info kancane Rofiq sing melu mancing yaiku Pitanto yen korban sakwise tiba mbengok lan jaluk tulung.
Nanging perkara papane Rofiq sing adoh, pitulungan ora isa langsung teka lan nyawane Rofiq ora isa diselamatake.
Polisi lan tim medis sing teka ing papan kedadeyan perkara banjur nglakoni pengecekan.
Saka pengecekake tim medis, tatu ing sirah sing parah ndadekake korban ora isa diselamatake.
"Tapi menurut tim medis, luka di bagian kepala korban juga terlalu parah. Secepat apa pun pertolongan datang, hampir mustahil dapat menyelamatkan nyawanya," pungkase.
(*)